Liburan Ke Bali 2017 dalam Cerkak Bahasa Jawa Terbaru

Kisah Pewayangan Bahasa Jawa | Berita Bahasa Jawa | Artikel Bahasa Jawa | Cerita dan Dongeng Berbahasa Jawa

Liburan Ke Bali 2017 dalam Cerkak Bahasa Jawa Terbaru

Loading...
Berikut ini cerita liburan ke bali 2017 dalam cerkak bahasa jawa terbaru, meskipun masih jauh dari sempurna semoga tulisan di bawah ini dapat memberikan gambaran bagi teman-teman semua dalam membuat karya bik cerita pengalaman pribadi maupun cerita cerkak menggunakan bahasa jawa. Terima kasih telah mengunjungi situs ini, jangan lupa bagikan tulisan ini ya pada teman-teman semua dengan klik tombol share di bagian bawah artikel.
liburan-ke-bali-2016-cerkak-bahasa-jawa-terbaru

Cerkak bahasa jawa terbaru, liburan ke bali 2017 

Aku liburan menyang Pulau Bali utawa karan uga Pulau Dewata bareng keluarga bapak, simbok, Kakang,dan adhiku. Sadina sadurung menyang Bali aku bengi-bengi njagakne samubarang pepakan, sawektu njagakne pepakan. Nang wektu dina sing ditentoke awake dhewe mangkat menyang Pulau Bali, mangkat kawit jam 06.00 (nem esuk) nggunakne mobil ngapa nggunakne mobil?

Sepisan bapak ngaku dhisik wong Bali dadi tau mlaku-mlaku menyang Bali lan dalan neng Bali. Kapindho yen aku munggah pesawat mesti yen nganti neng Bali sing ngenjaban luwih akeh amarga nengendi-endi ora bisa, dadi neng hotel terus ae iya yen hotele cerak pantai Sanur utawa Kuta Bali bokmenawa saben dina prono ae terus. Ketelu amarga aku nduwe sedulur neng Bali, yen gawa mobil kaya ta arep neng ngendi-endi bisa “yo melu” yen melu ya melu yen ora melu “alhamdulillah” amarga yen melu biaya luwih larang hahha.. .

Kapapat yen aku gawa montor menyang Bali aku bisa kesel neng ndalan, gawa mobil ae kesel apa maneh montor padahal kuwi mung linggih lan ndelak kiwa tengen.
Waos Ugo: Cerkak Budi Pekerti Bahasa Jawa Tentang Sopan Santun
Aku menyang Bali biyasane liwat Lumajang nuju Bondowoso banjur Situbondo lan Banyuwangi sakretiku ngono amarga aku takon biyasane dijawab ngunu.

Sabenere aku bingung neng pelabuhan ana sing adol sega ae, gawe apa coba tah rampung nyebrang nggunakne kapal saka pelabuhan Ketapang menyang Gilimanuk kuwi ora adoh ana warung pangan sing adol betutu enak pisan ning yen aku tuku betutu sanuli saben dalan mulihe, ngapa kok mulihe, sabenere aku ora tau sih bokmenawa enake ae pas arep mulih sabenere betutu kuwi ora keliwat pedes ning biyasane yen tuku kayak ana sayur sing dibungkus plastik ya kuwi sing pedes .

Sakwise liwat alas, neng alas neng Bali kuwi akeh kijang utawa menjangan aku (radha lali), sing dijarne bokmenawa amarga ana tulisan dilarang berburu. Biyasane wektu neng ndalan Bali turu dhisik neng panggon sing dhisike dikenal pantai apa ngunu ning yen saiki sepi.

Terus sawise leren aku mbanjurke dalan menyang Denpasar yen ora menyang karang asem amarga neng kana ana omahe sedulur, ning aku yen menyang Bali arang nginep neng omahe sedulur.

Sanganti neng Denpasar banjur golek hotel ning yen golek hotel neng Bali kuwi gampang ning biyasane yen hotel sing larang kuwi sing rudatin sing regane (Rp.1.500.000 mendhuwur) sing murah biyasane sing sepi bokmenawa akeh sing gengsi, hotel neng bali murah pisan (ana sing Rp 200000/kamar ning demene golek panganan halal,murah lan enak sing rudatin. Miturutku panganan murah sing enak neng kana yakui sega Jenggo.

Dina kapindho liburan ke Bali 2017 dalam cerkak bahasa jawa terbaru - Menyang Sanur. Neng sanur pantaine ora apik tapi yen beruntung neng esuk dina bisa ndeleng srengenge terbit ora apike sih amarga pantaine wedine kuwi reged enake sih amarga neng kana ana sing adol jagung bakar karo bisa nglangi amargakne yen neng sanur ta banyune kaya ditampung neng tengah ning yen sing neng njaba pamates kuwi bahaya bapak akokake ta nduwe akeh kanca neng Bali kabeneran pas neng Bali ketemu, akhire kancane bapak kuwi melu bapak mlaku-mlaku, kancane bapak kuwi dosen neng Bali dadi reti kabeh budaya lan panggon-panggon wisata neng Bali, bali menyang cerito bahayane neng lar pamates amarga aruse kuwi kuwat nganti bisa narik turene kancane bapak ana sing mati neng kana amarga diving bokmenawa karen ketan yen jero tekananne kuwi gedhe dadi getih e kuwi munggah sirah terus metu kabeh, apike pantai sanur bisa diving pokoke kaya nyelem- nyelem ngunu.
Waos Ugo: Pengalaman Pribadi Liburan Ke Gunung Bromo dalam Bahasa Jawa
Tembung bapak dhisik bapak kerep dolan neng sanur turene yen banyune surut kuwi bisa nganti tengah segara terus turene yen surut kuwekne surute adoh yen dalan terus ana bolongan gedhe, sakwise saka Sanur mbanjurke menyang kos-kosanne kakang sepupu neng kana dheweke kandha ana panggon wisata apik yen ora salah sih jenenge Pandawa lan Uluwatu.

Dalan menyang pantai pandawa kuwi nyigar bukit kapur ngapa karan pantai pandawa bokmenawa amarga daerahe kuwi jenenge pandawa yen ora amarga neng kana ana patung pandawa ngunu bakune sabenere nang wektu ngliwati dalan sing kayak neng kurung bukit kapur kuwi ana kayak ondo dhuwur panggon wisata uga ning ora mrunu.

Neng pantai pandawa akeh sing dolanan karo asu, selancar, lan mrau cilik ana uga sing dolan layangan lan wong-wong adol jagung bakar. Pemandangan neng pantai pandawa kuwi apik pantainekuwi amba lan dawa nek didelok. Neng kana mung ndelok-delok pemandangan lan mangan iwak ugo cumi sing di tuku nuli bali menyang pantai kuta.

Pantai Kuta kajaba pemandangan sing becik lan panggon ndeleng srengenge terbenam kuta uga nduweni wedi sing lembut akeh bule neng kana untung ae bule, aku tau neng Kuta nganti bengi akeh bule pacaran ora isin ngunu padahal neng ngarep umum sing parah neng Kuta ana wit-wit kuwi biyasane ana suwarane sing ora enak dirungu bakune ngunu deh neng Kuta uga yen wis bengi ora sepi ora kaya neng pantai sing liya pantai kuta bisa nganti jam 12 bengi ora sepi.

Demikian sebuah cerita bahasa jawa tentang liburan ke bali 2017 dalam cerkak bahasa jawa terbaru yang dapat kami sampaikan semoga bermanfaat.
Advertisement
Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Liburan Ke Bali 2017 dalam Cerkak Bahasa Jawa Terbaru