Pawarta Basa Jawa Pendidikan – Beban Siswa Saya Abot Mergo Kurikulum 2013

Kisah Pewayangan Bahasa Jawa | Berita Bahasa Jawa | Artikel Bahasa Jawa | Cerita dan Dongeng Berbahasa Jawa

Pawarta Basa Jawa Pendidikan – Beban Siswa Saya Abot Mergo Kurikulum 2013

Loading...
Pawarta basa jawa pendidikan – Beban Siswa Saya Abot Mergo Kurikulum 2013 - Beban siswa wulang tansaya gedhe kanthi pangerepan kurikulum 2013 (K13). Samangke, kurikulum paling anyar kuwi arep diterapke neng kabeh sekolah, tanpa ndeleng grade utawa kwalitas sekolah.


Ing taun 2016 ana panambahan 158 sekolah. Kanthi ngono, total ana 191 sekolah sing bakal nerapake K13. Nganti 2019, kabeh sekolah kudu nrapake kebijakan kesebut.


“Kuwi (panambahan sekolah) instruksi saka kementerian,” gamblang Kepala Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Kabupaten Sleman, Arif Haryono Jemuwah 8 Januari 2016.
pawarta-bahasa-jawa-pendidikan-kurikulum-2013
Waos Ugo: Contoh Pawarta Bahasa Jawa Teror Bom Jakarta
Kurikulum 2013 paling akeh dilaksanakake ing SD, yakni 127 sekolahan. SMP 25 Sekolahan, SMA 21 sekolahan, lan SMK 19 sekolahan. Miturut Arif, saben sekolah ngesuk kudu ngebaki kriteria Kurikulum 2013.


Pancen dudu perkara sing gampang nglakoni sistem kesebut. Dudu mung kejagan mental guru lan murid. Piranti lan pra piranti uga kudu ndukung sakabehe.


Nah, kanggo ndongkrak kwalitas ugo kapasitas guru, Dinas sregep ngenengake workshop utawa pamulangan singkat, mawa bimbingan teknis utawa BIMTEK marang para plaksana pendidikan.


Ora kalah penting, Arif ngelingna kejagan materi wulang ngrupa buku. Senajan nang taun nuli, isih bisa ditrapke nang taun iki amarga dasar materi wulange padha. “Prinsipe, kabeh sekolah kudu siap nggunake Kurikulum 2013,” turene.


Salah siji sekolah sing durung nglakoni K13 yaiku SMPN 2 Cangkringan. Senajan ngono, Kepala SMPN 2 Cangkringan Hadi Suparmo ngendikan siap nek ditunjuk saka dinas kanggo nganakne kurikulum kuwi.

Senajan isih nrapake kurikulum 2006, para guru wis oleh diklat lan panglatian Kurikulum 2013. “siap wae. Buku K13 uga wis ana,” sanjange.
Advertisement
Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Pawarta Basa Jawa Pendidikan – Beban Siswa Saya Abot Mergo Kurikulum 2013