Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi Masuk Sekolah SMA

Kisah Pewayangan Bahasa Jawa | Berita Bahasa Jawa | Artikel Bahasa Jawa | Cerita dan Dongeng Berbahasa Jawa

Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi Masuk Sekolah SMA

Loading...
Contoh cerkak bahasa jawa pengalaman pribadi masuk sekolah SMA iki tak tulis sawise aku dadi Siswa SMA Muhammadiyah 3. Tulisan iki sengajo tak tulis kanggo tugas sekaligus kanggo contoh pada kanca kabeh babagan pelajaran bahasa jawa. Sakwise SMP mesti banjur SMA, lulus saka SMP nggawe aku kudu nggolek sekolah kanggo mbanjurke pamulangan menyang jenjang sing luwih dhuwur yaiku SMA. Pada kaya dhisik pas aku pengen nggoleki SMP, aku ora mikirke menyang sekolah endi aku arep mendaftar aku mung nggawe siji keputusan, yaiku sekolah neng SMP Abu Bakar, padahal yen didelok saka Biji ku, aku bisa mlebu SMP negeri, ning neng ati aku wayah kuwi aku mung pengen sekolah neng Abu Bakar, akhire aku mlebu SMP Abu Bakar. Semunu uga karo masa SMA iki, aku pengen sekolah neng sekolah olahraga SMA negeri 8, nanging iki ceritone liya, Biji ku ora cukup kanggo mlebu mrono.
cerkak-bahasa-jawa-pengalaman-pribadi-sekolah

Aku pun bingung pengen sekolah ngendi, kakang ku sing alumni SMA negeri 5 ngongkon aku kanggo mlebu menyang SMA 5 mergo bijiku cukup kanggo mlebu SMA 8. Nanging, kanggo pisan aku mikir SMA 5 yaiku sekolah sing cukup adoh saka omah ku, aku ugo nolak kanggo sekolah nengkana, pas aku bingung wong tuwa ku banjur ngongkon aku kanggo ndaftar neng SMA muhammadiyah 3 Salaman kongkonan sing cukup ngagetake aku tentune, merga manut informasi sing tak ngerteni, kelas 1 SMA muhammadiyah mlebu awan mergo gedung SMA sing manggon neng jl.Magelang ora amot kanggo kabeh siswa kelas 1 SMA muhammadiyah kui.
Waos Ugo: Cerita Rakyat Sangkuriang Bahasa Jawa
Tentune abot banget mlebu sekolah jam setengah siji (1) lan mulih jam setengah enem (6), mergo ora kaya sekola-sekolah liya sing mlebu isuk. Aku sempat mikir meneh, mergo aku pengen banget mlebu SMA 8. Wong tuwa ku ugo menehake solusi yaiku, sekolah sik neng muhammadiyah setaun, sakwise kuwi alih menyang SMA 8, aku nuli ndaftar neng SMA muhammadiyah, mergo manut informasi pendaftarane wis arep ditutup, alhamdulilah aku mbisa dadi siswa SMA muhammadiyah 3 Salaman.

Sakwise resmi dadi siswa SMA, banjur diadhepake karo kegiatan sing jenenge mos utawa (masa orientasi siswa). Kegiatan iki cukup apik lan nggeret gawe aku mergo awake dhewe arep ngenal kakang-kakang kelas neng organisasi-organisasi neng SMA lan awake dhewe ugo mbisa "piwulang urip" sing tentune bakal awake dhewe alami neng masa SMA sing beda karo masa SMP ndisik. Sasuwene meloni kegiatan kuwi aku serius banget lan meloni dawuh sing dikongkonke saka kakang-kakang kelas, kakang kelas sing tak kira galak-galak rupane njaba blinuwih becike.
Waos Ugo: Cerita Rakyat Bahasa Jawa Malin Kundang
Didina paling akhir, kabeh dikongkon mileh ekstra kulikuler sing disediake saka sekolahan, akeh banget kegiatan ekstra sekolah sing dicawiske neng SMA muhammadiyah 3 iki, kabeh wajib mileh siji lan oleh kuweh,tapi sanajan akehe ekstra kuwi ora bisa ngefek aku sing terus tertuju marang kegiatan basket.

Mengkene siji cerita sing tak tulisake ana cerkak bahasa jawa pengalaman pribadi masuk sekolah SMA mugo bisa manfaat tumrap liyane,
Advertisement
Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi Masuk Sekolah SMA