Pawarta Bahasa Jawa | Pendidikan Karakter Mlebu Kurikulum Sekolah Tahun 2016

Kisah Pewayangan Bahasa Jawa | Berita Bahasa Jawa | Artikel Bahasa Jawa | Cerita dan Dongeng Berbahasa Jawa

Pawarta Bahasa Jawa | Pendidikan Karakter Mlebu Kurikulum Sekolah Tahun 2016

Loading...
Pawarta Bahasa Jawa - Wali kutha Bandung Ridwan Kamil ndawuhi Kepala Dinas Pendidikan kutha Bandung supaya nambahi pawulangan anyar ing kurikulum sekolah saktingkat Sekolah Dasar, Sekolah Menengah Pertama, lan SMA, ora liya Kurikulum iku yaiku Pendidikan Karakter.
pawarta-bahasa-jawa-pendidikan-karakter-mlebu-kurikulum-sekolah

"Aku miris karo basa anak-anak wektu iki klebu neng lingkungan sosial, basa sing kurang becik neng ugo neng media sosial," turen Ridwan Kamil neng ruang kerjane Balai kutha, dina Selasa (25/08) kepungkur.

Miturut Ridwan, akeh sing ora sopan terekam neng media sosial. Malah Ridwan nate diunek-uneke wayah kisruhe PPDB taun 2015. "Aku dibully lan dimaki nganggo basa binatang, sakwise diteliti jebulna kui bocah SD," turene Ridwan.

Iseh miturut Ridwan Kurikulum Pendidikan Karakter butuh kanggo nyegah lan supaya ora akeh meneh bocah-bocah umur sekolah ngomong kasar senajan neng media sosial.

"Disdik wektu iki nembe tahap jagan kanggo rapat kerja panggawen kurikulum Pendidikan Karakter kanthi basis agami, budaya lan lingkungan," tambahe.

Ridwan nuturake, kanggo panyinaon neng bidang agama arep nggandeng Perguruan Tinggi Universitas Islam Negeri uga saka gereja.

Lagekne bidang lingkungan arep nglibatke organisasi pamempeng kegiatan alam bebas, Wanadri. Sementara saka bidang budayan kerjasamane karo UNPAD lan UNPAS.

Emil ngaji pangerepan kurikulum iki penting banget amarga termasuk ngelmu kang budi luhur lan paling utama.

"Luwih prihatin meneh akeh sing ora apal pancasila malah ana bocah nganggep Soekarno-Hatta kuwi sawong siji. Luwih medeni meneh neng media sosial, kerep ditemokake wong tumindak ora becik nanging malah bangga," turene Ridwan. Rencanane kurikulum Pendidikan Karakter arep diterapke taun wulangan 2016 sing badhe dateng. Pawarta Bahasa Jawa Pendidikan karakter.
Advertisement
Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Pawarta Bahasa Jawa | Pendidikan Karakter Mlebu Kurikulum Sekolah Tahun 2016