Pawarta Bahasa Jawa Pendidikan | Ahok Gratiske Para Pelajar Numpak Transjakarta

Kisah Pewayangan Bahasa Jawa | Berita Bahasa Jawa | Artikel Bahasa Jawa | Cerita dan Dongeng Berbahasa Jawa

Pawarta Bahasa Jawa Pendidikan | Ahok Gratiske Para Pelajar Numpak Transjakarta

Loading...
Pawarta Bahasa Jawa Pendidikan - "Iki sabenere tujuane saperlu ngewangi bocah-bocah sekolah kuwi supaya ora numpak montor," tembung Gubernur Jakarta sing akrab dijeluk Ahok kesebut neng Balai kutha, Jakarta, dina Selasa (25/8/2015).
pawaarta-bahasa-jawa-pendidikan-ahok-gratiske-para-pelajar-numpak-transjakarta

Para pelajar sing nduweni kertu Jakarta pinter (KJP) bisa munggah bus Transjakarta gratis tiss tanpa dipungut biaya. Basuki Tjahaja Purnama ngomongke, babagan kuwi dilakoke supaya pelajar ora nggunakne tunggangan motor menyang sekolah.

Ahok nambahke, kebijakan kuwi uga migunani kanggo ngirit dhuwit sangu pelajar. "Iki bakal nulung bocah-bocah supaya bisa nabung dhuwite nganti akhir taun," turene Ahok.

Ahok uga ngaturke, mengko pamerentah Provinsi DKI Jakarta pengen nggunake Kopami lan Kopaja ugo Transjakarta. Sakwise kui kaleksanan, Kopami lan Kopaja arep dibayar kanthi sistem rupiah saben kilometer lakune.

"Yen Kopami, Kopaja kaleksanan nduwe arti bocah-bocah sekolah kuwi bisa mlaku sethithik utawa titip pit utawa diterna marang wong tuwa wis bisa numpak bis," tambah mantan Bupati Belitung wetan kuwi. Pawarta Bahasa Jawa Pendidikan.
Advertisement
Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Pawarta Bahasa Jawa Pendidikan | Ahok Gratiske Para Pelajar Numpak Transjakarta